Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring dhawuh, nalika ditangleti salah setunggale sahabat, ing babagan kautaman pasa ing dinten Asyura: يُكَفِّرُ السَّنَةَ الْمَاضِيَةَ Artosipun, “Pasa ing dina Asyura iku isa nglebur dosa setahun kang wus kelewat.” (HR. Muslim).
Lajeng ing Kitab Tanbihul Ghafil Tarjamah Matan Bahjatul Wasail kaca 83 dipun terangaken, supaya anggene kita nglampahi pasa Asyura iku ora nyerupani karo pasane wong Yahudi, banjur pasa Asyura punika sahenipun dipun lampahi kalian pasa ing dinten kaping sanga (9) utawi Tasu’a.
Amalan sanesipun ingkang saget kita lampahi ing wulan Muharram, khususipun ing dinten Asyura, inggih punika paring sedekah lan njembaraken rezeki utawa paring dhaharan kang eco kagem keluargane, kados dene Kelajengan ing kitab Kitab Tanbihul Ghafil Tarjamah Matan Bahjatul Wasail.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Saking keterangan kautaman ing dinten Asyura supados paring sedekah lan njembaraken rezeki utawa paring dhaharan kang eco punika, lajeng dipun wontenaken ugi kegiatan santunan, kados dene santunan kagem lare yatim. Punika dados amalan ingkang sahe sanget.
Kanjeng Nabi Muhammad saw paring dhawuh, wonten ing hadits ingkang dipun riwayataken Imam Ahmad saking Abi Umamah:
أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ مَنْ مَسَحَ رَأْسَ يَتِيمٍ لَمْ يَمْسَحْهُ إِلَّا لِلَّهِ كَانَ لَهُ بِكُلِّ شَعْرَةٍ مَرَّتْ عَلَيْهَا يَدُهُ حَسَنَاتٌ وَمَنْ أَحْسَنَ إِلَى يَتِيمَةٍ أَوْ يَتِيمٍ عِنْدَهُ كُنْتُ أَنَا وَهُوَ فِي الْجَنَّةِ كَهَاتَيْنِ وَفَرَّقَ بَيْنَ اُصْبُعَيْهِ السَّبَّابَةِ وَالْوُسْطَى
Artosipun, “Saktemene Rasulullah dhawuh, sapa wonge kang ngusap sirahe bocah yatim kerana Allah, mangka saben rambut kang diusap bakal dipun wales kelawan sepuluh kesahenan, lan sapa wonge kang tumindak bagus marang bocah yatim; wadon utowo lanang ing sandinge, mangka ingsun lan wong mahu ingdalem suwarga kaya dene driji loro iki. Kanjeng Nabi aweh isyarat driji telunjuk lan tengah.” (HR Ahmad).
Pramila, mangga kita sami ndherek tuladha saking Kanjeng Nabi punika, supados sami padha ngapiki marang lare yatim, khususipun ingkang wonten lingkungan sekitar kita.
Gawe becik marang lare yatim, saget kita lampahi ing wulan Muharram lan ugi wulan-wulan sanesipun.
Menika insyaallah saget dados wasilah angsal kesahenan ana ing dunya lan akhirat, kangge kita sedaya.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, angsal keberkahan lan rahmat saking Gusti Allah Ta’ala. Dipun tebihaken saking sedaya fitnah lan bebaya. Amin ya Rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِعِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali












