Topikseru.com, Jakarta – Naskah Khutbah Jumat Bahasa Jawa kali ini mengangkat tema “Wates Minimal Ngurip-Urip Lailatul Qadar” di mana salah satu keistimewaan bulan Ramadhan yang tidak dimiliki bulan-bulan lainnya adalah adanya Lailatul Qadar, yaitu malam yang oleh Allah sendiri dijelaskan dalam Al-Qur’an sebagai malam yang lebih baik daripada 1.000 bulan.
Banyak keterangan yang menjelaskan anjuran menghidupkan malam Lailatul Qadar dengan berbagai macam ibadah. Namun terdapat satu pertanyaan yang sering muncul, yaitu: berapa batas minimal seseorang dapat dianggap telah menghidupkan Lailatul Qadar, sehingga ia dapat memperoleh kemuliaan dan keutamaannya?
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أَكْرَمَنَا وَفَضَّلَنَا بِشَهْرِ رَمَضَانَ، وَجَعَلَ فِيْهِ لَيْلَةً هِيَ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ، أَنْعَمَ فِيهَا عَلَى عِبَادِهِ بِالْمَغْفِرَةِ وَالرَّحْمَةِ وَالْإِحْسَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ، وَالْمُبَيِّنُ لِفَضَائِلِ هٰذَا الشَّهْرِ الْمُبَارَكِ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ حَبِيْبِ الرَّحْمٰنِ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْبَعْثِ وَالْمِيْزَانِ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالَى حَقَّ تُقَاتِهِ، وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: إِنَّا أَنْزَلْنَاهُ فِي لَيْلَةِ الْقَدْرِ * وَمَا أَدْرَاكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِ * لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ * تَنَزَّلُ الْمَلَائِكَةُ وَالرُّوحُ فِيهَا بِإِذْنِ رَبِّهِمْ مِنْ كُلِّ أَمْرٍ * سَلَامٌ هِيَ حَتَّى مَطْلَعِ الْفَجْرِ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Monggo kita sedaya sami ningkataken takwa lan ketaatan dhumateng Gusti Allah, wonten ing pundi kemawon kita dumunung, ing kahanan rame utawi sepi. Kanthi tansah nindakaken sedaya dhawuhipun lan nebihi sedaya laranganipun, mugi kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan saking Gusti Allah.
Para Jamaah Jumat rahimakumullah
Salah satunggaling keistimewanipun wulan Ramadhan ingkang boten dipun gadhahi dening wulan sanesipun inggih menika wontenipun Lailatul Qadar. Wengi punika dados wengi ingkang sanget mulya, ngantos Allah Ta’ala piyambak nerangaken kaluhuranipun wonten ing Al-Qur’an.
Wengi Lailatul Qadar langkung utama tinimbang sewu wulan, tegesipun ibadah ing wengi punika gadhah ganjaran lan kemuliaan ingkang langkung ageng tinimbang ibadah sewu wulan.
Wonten ing sawijining hadits shahih riwayat Imam Al-Bukhari dipun sebataken bilih tiyang ingkang ngurip-urip wengi Lailatul Qadar, Allah badhe paring pangapunten dosa-dosa ingkang sampun kalampahan.
وَمَنْ قَامَ لَيْلَةَ القَدْرِ إِيمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
Artosipun: “Sapa kemawon ingkang ngurip-uripi wengi Lailatul Qadar kanthi iman lan ngarep-arep ganjaran saking Allah, mongko badhe dipun ngapura dosa-dosanipun ingkang sampun kapengker.”
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Nanging pitakenipun, pinten wates minimalipun tiyang saged dipun anggep ngurip-urip wengi Lailatul Qadar supados saged pikantuk kemuliaanipun? Sakderengipun kedah dipun mangertosi, hakikatipun wengi Lailatul Qadar boten wonten ingkang mangertos kajawi Allah utawi tiyang ingkang dipun kersakaken dening Allah.
Mila ingkang dipun maksud Lailatul Qadar ing mriki inggih menika wengi-wengi ganjil ing 10 pungkasan wulan Ramadhan, kados ingkang sampun ma’lum. Ulama hadits Ubaidillah Ar-Rahmani al-Mubarakfuri wonten ing kitabipun Mir’atul Mafatih Syarh Misykatul Mashabih, juz VI kaca 405, nerangaken bilih tembung “man qāma lailatal qadr” ing hadits punika tegesipun tiyang ingkang ngurip-urip wengi Lailatul Qadar, mangertosi wengi punika utawi boten.
Wonten ugi pendapat ingkang ngendika bilih sampun cekap dipun anggep ngurip-uripi Lailatul Qadar menawi tiyang puniko nindakaken shalat Isya berjama’ah.
Nanging miturut dzahiripun hadits, tiyang boten dipun sebat ngurip-uripi wengi kajawi piyambakipun ngurip-urip sak dawane wengi, utawi paling boten geh katah-katahe wengi utowo mayoritas wenginipun mboten meng sedelo.
Jamaah Jumat rahimakumullah
Sayyid Abdullah al-Ghumari wonten ing kitabipun Ghayatul Ihsan kaca 58 nyebataken Riwayat-riwayat babagan punika. Ing antarane ingkang diriwayataken dening Imam Malik bilih Sa’id bin Musayyib panjenenganipun ngendika:
مَنْ شَهِدَ الْعِشَاءَ مِنْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ – يعني في جماعة – فَقَدْ أَخَذَ بِحَظِّهِ مِنْهَا
Artosipun: “Sapa kemawon ingkang nindakaken shalat ‘Isya’ ing wengi Lailatul Qadar kanthi berjamaah, mongko piyambakipun sampun pikantuk bagiannipun saking wengi Lailatul Qadar. Imam As-Syafi’i ing qaul qadimipun ugi ngendika:
مَنْ شَهِدَ الْعِشَاءَ وَالصُّبْحَ لَيْلَةَ الْقَدْرِ فَقَدْ أَخَذَ بِحَظِّهِ مِنْهَا
Artosipun: “Sapa kemawon ingkang nindakaken shalat ‘Isya’ lan shalat Subuh ing wengi Lailatul Qadar kanthi berjamaah, mila piyambakipun sampun pikantuk bagiannipun saking berkahipun wengi Lailatul Qadar.”
Wonten ugi setunggaling hadits mursal (dha’if) ingkang diriwayataken dening Ibnu Abid Dunya saking Abi Ja’far Muhammad bin Ali, bilih Nabi Muhammad ﷺ ngendika:
مَنْ أَتَى عَلَيْهِ رَمَضَان صَحِيحًا مُسْلِمًا، صَامَ نَهَارَهُ، وَصَلَّى وِرْدًا مِنْ لَيْلِهِ، وَغَضَّ بَصَرَهُ، وَحَفِظَ فَرْجَهُ وَلِسَانَهُ وَيَدَهُ، وَحَافَظَ عَلَى صَلَاتِهِ مَجْمُوعَةً، وَبَكَّرَ إِلَى جُمَعِهِ، فَقَدْ صَامَ الشَّهْرَ، وَاسْتَكْمَلَ الْأَجْرَ، وَأَدْرَكَ لَيْلَةَ الْقَدْرِ، وَفَازَ بِجَائِزَةِ الرَّبِّ
Artosipun: “Sapa wae wong sing ketemu wulan Ramadhan hale sehat lan Islam, banjur dheweke pasa ing wayah awané, nglakoni ibadah ing wengi-wenginé, njaga pandelengané, njaga kemaluane, lisané lan tangane, tansah njaga shalaté kanthi jamaah, lan gasik-gasian tindak shalat Jum‘at, mongko wong iku dianggep wis pasa sewulan kanthi sampurna ganjarané, wis oleh wengi Lailatul Qadar, lan bakal pikantuk ganjaran agung saka Gusti Allah.”
Saking riwayat-riwayat punika saged dipun mangertosi bilih fadholipun gusti Allah punika jembar sanget. Tiyang ingkang istiqamah nindakaken shalat Isya lan Subuh berjama’ah ing wulan Ramadhan gadhah pangajeng-ajeng ageng saged pikantuk kemuliaan Lailatul Qadar.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Saking mekaten saged dipun ngertosi bilih wates minimal ngurip-uripi wengi Lailatul Qadar inggih menika kanthi istiqamah nindakaken shalat Isya lan Subuh berjama’ah ing wulan Ramadhan.
Sanadyan boten mangertos kanthi temenan kapan dumadosipun wengi Lailatul Qadar, nanging kanthi rahmat lan fadholipun Allah ingkang jembar puniko, kita gadhah pangajeng-ajeng ageng badhe pikantuk kemuliaanipun Lailatul Qadar.
Mila mangga ing sisa wulan Ramadhan menika kita tambahaken semangat wonten ing ibadah: shalat berjama’ah, qiyamul lail, dzikir, nderes Al-Qur’an, lan amal-amal shalih sanesipun.
Mugi Allah paring taufiq dhateng kita sedaya supados saged ngraosaken kemuliaan wengi Lailatul Qadar lan nampi pangapuntenipun dosa-dosa kita. Mugi-mugi kita sedaya kalebet tiyang ingkang dipun paringi kesempatan lan kemuliaan punika. Amin ya Rabbal ‘alamin.
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أتَمَّ عَلَيْنَا نِعْمَتَهُ، وَأَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ، وَشَرَّعَ لَنَا مِنَ الْأَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ أَنْوَاعًا وَأَصْنَافًا لِنَتَقَرَّبَ بِهَا إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ أَكْرَمُ الْأَكْرَمِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُصْطَفَى عَلَى جَمِيْعِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ فَيآ أيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اتَّقُوا اللهَ، اتَّقُوااللهَ تَعَالَى وَأَطِيْعُوْهُ، فَإِنَّ طَاعَتَهُ أَقْوَمُ وَأَقْوَى، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى، وَاحْذَرُوا أَسْبَابَ سَخَطِ الْجَبَّارِ، فَإِنَّ أَجْسَامَكُمْ عَلَى النَّارِ لَا تَقْوَى. وَاعْلَمُوا أَنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ. وَعَلَيْكُمْ بِالْجَمَاعَةِ ، فَإِنَّ يَدَ اللهِ مَعَ الْجَمَاعَةِ، وَمَنْ شَذَّ شَذَّ فِيْ النَّارِ. اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَقُرَّةِ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ بِرَحْمَتِكَ يَآأرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ؛ اللهم أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ، وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا، رَخَاءً، سَخَاءً، وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ؛ اللهم نَوِّرْ عَلَى أَهْلِ الْقُبُوْرِ قُبُوْرَهُمْ، اللهم اغْفِرْ لِلْأَحْيَاءِ وَيَسِّرْ لَهُمْ أُمُوْرَهُمْ. اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالرِّبَا وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً ، وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ، وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ
Ustadz Muhamad Hanif Rahman, Dosen Ma’had Aly Al-Iman Bulus dan Pengurus LBM NU Purworejo










