Sampun kita mangertosi, nalika Kanjeng Nabi lan para sahabat nglampahi prosesi hijrah, punika mboten perkawis kang gampil, ananging mbetahaken perjuangan kang awrat.
Malahan, Kanjeng Nabi ingkang dipun rencangi sahabat Abu Bakar Asshidiq ra, badhe dipun pejahi kalian para tiyang kafir Makkah.
Kados dene ingkang dipun serat Syekh Said Ramadhan al-Buthi wonten ing Fiqhus Sirah Nabawiyah, kaca 149).
ADVERTISEMENT
SCROLL TO RESUME CONTENT
Ananging, alhamdulillah berkat pitulungan saking Gusti Allah, Kanjeng Nabi lan Sahabat Abu Bakar saget pinaringan slamêt ngantos dumugi ing Yatsrib.
Gusti Allah dhawuh ing Al-Qur’an Surat Al-Anfal ayat 10 lan kasebat ing Tafsir Al-Ibriz jilid I, kaca 500-501: وَاِذْ يَمْكُرُ بِكَ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لِيُثْبِتُوْكَ اَوْ يَقْتُلُوْكَ اَوْ يُخْرِجُوْكَۗ وَيَمْكُرُوْنَ وَيَمْكُرُ اللّٰهُۗ وَاللّٰهُ خَيْرُ الْمٰكِرِيْنَ Artosipun, “Lan nalika nipu kelawan sira, sapa wong-wong kafir, supaya bisa ngunjaraaké utawa arep mateni utawa ngusir ing sira (saking Makkah).
Wong kafir Makkah karepe padha arep gawe tipu daya. Ananging Allah Ta’ala dhawuh uga males gawe tipu daya.
Utawi Gusti Allah Ta’ala iku bagus-baguse kang padha ngréka,” Perjuangan hijrah ing zaman Nabi punika awrat sanget.
Ananging kagem tiyang ingkang kersa nindaake prentah punika, bakal nampi rahmat saking Gusti Allah, kados dene ingkang kasebat ing Al-Qur’an: اِنَّ الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَالَّذِيْنَ هَاجَرُوْا وَجَاهَدُوْا فِيْ سَبِيْلِ اللّٰهِۙ اُولٰۤىِٕكَ يَرْجُوْنَ رَحْمَتَ اللّٰهِۗ وَاللّٰهُ غَفُوْرٌ رَّحِيْمٌ Artosipun, “Saktemene wong-wong kang padha iman, padha hijrah lan jihad sabil kerana ngeluhuraken agamane Allah Ta’ala, iku padha arep-arep rahmat (ganjaran) saking Allah Ta’ala.
Allah Ta’ala Agung Ngapurane lan Agung Welase,” (QS Al-Baqarah ayat 218).
Ugi bakal angsal ganjaran ingkang ageng lan ridha saking Gusti Allah, kados ingkang sampun kasebat wonten ing dalem salah setunggal hadits, ingkang dipun riwayataken saabat Umar bin Khattab ra, Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring dhawuh: … فَمَنْ كَانَتْ هِجْرَتُهُ إِلَى اللّٰهِ وَرَسُوْلِهِ فَهِجْرَتُهُ إِلَى اللّٰهِ وَرَسُوْلِهِ Artosipun, “..Mula sapa wong kang ana apa hijrahe wong iku, tumuju marang Allah lan utusane Allah, mangka utawi hijrahe wong mau, iku tumeka marang ridhane Allah lan utusane Allah (Kanjeng Nabi)..” (HR Imam Bukhari lan Muslim)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Sejarah perjuangan hijrah Kanjeng Nabi lan para sahabat ingkang dipun dadosaken awal penanggalan warsa hijriah punika, mangga saget kita dadosaken pepenget utawa pangeling-eling dhatêng generasi ing zaman sakniki.
Kita dadosaken kagem semangat perjuangan kita ing dalem nerusaken ajarane Kanjeng Nabi Muhammad saw lan luhure Agami Islam.
Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, angsal keberkahan lan rahmat saking Gusti Allah Ta’ala. Dipun tebihaken saking sedaya fitnah lan bebaya. Amin ya Rabbal Alamin
بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ، عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ
Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali.***
Halaman : 1 2