Film

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 15 Januari 2026: 5 Cekelan Utama kanggo Wong kang Amar Ma’ruf Nahi Munkar

×

Khutbah Jumat Bahasa Jawa 15 Januari 2026: 5 Cekelan Utama kanggo Wong kang Amar Ma’ruf Nahi Munkar

Sebarkan artikel ini
Khutbah Jumat Bahasa Jawa
Khutbah Jumat Bahasa Jawa 15 Januari 2-26: 5 Cekelan Utama kanggo Wong kang Amar Ma'ruf Nahi Munkar di mana si dalam Al-Qur'an, Allah swt memuji umat Islam sebagai umat yang terbaik, dengan catatan mereka melaksanakan amar ma'ruf nahi munkar.

Ringkasan Berita

  • Menyuruh (berbuat) yang makruf, mencegah dari yang mungkar, serta beriman kepada Allah.
  • Namun, ketika kita melaksanakannya, mesti diiringi dengan beberapa hal.
  • Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal," (QS Al Baqarah ayat 197).

Topikseru.com,  Jakarta – Khutbah Jumat Bahasa Jawa 15 Januari 2-26: 5 Cekelan Utama kanggo Wong kang Amar Ma’ruf Nahi Munkar di mana si dalam Al-Qur’an, Allah swt memuji umat Islam sebagai umat yang terbaik, dengan catatan mereka melaksanakan amar ma’ruf nahi munkar.

Menyuruh (berbuat) yang makruf, mencegah dari yang mungkar, serta beriman kepada Allah. Namun, ketika kita melaksanakannya, mesti diiringi dengan beberapa hal. Apa saja beberapa hal tersebut?

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ أَمَّا بَعْدُ، فَيَاأَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: كُنْتُمْ خَيْرَ اُمَّةٍ اُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَتُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِۗ وَلَوْ اٰمَنَ اَهْلُ الْكِتٰبِ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُمْۗ مِنْهُمُ الْمُؤْمِنُوْنَ وَاَكْثَرُهُمُ الْفٰسِقُوْنَ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalan kang sahe.

Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya.

Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ

Artosipun, “Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal,” (QS Al Baqarah ayat 197).

Para jamaah ingkang minulya Wonten ing Al-Qur’an,
Gusti Allah ngalêmbana marang umat Islam ingkang dados bagus-baguse umat kang diwujudake supaya migunani marang manungsa. Ing Surat Ali Imran ayat 110 Gusti Allah paring dhawuh:

كُنْتُمْ خَيْرَ اُمَّةٍ اُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَتُؤْمِنُوْنَ بِاللّٰهِۗ

Artosipun, “Ana sira kabeh (umat Islam) iku sebagus-baguse umat kang den lahiraken marang manungsa. Kang perintah sira kabeh ing kelawan kebagusan lan nyegah sira kabeh saking amal-amal kang mungkar, lan iman sira kabeh kelawan Allah Ta’ala.”

Saking ayat punika, kajaba préntah iman marang Gusti Allah, umat Islam ugi dipun préntah supaya padha nglampahi amar ma’ruf nahi mungkar utawi padha préntah tumindhak becik lan nyegah saking perkara kang mungkar. (KH Bisri Musthofa, Tafsir Al-Ibriz, Juz 4, kaca 159)

Amar ma’ruf lan nahi mungkar iku saget dipun lampahi miturut kemampuane piyambak-piyambak. Kados dene dhawuhe Kanjeng Nabi Muhammad saw ing salah setunggale hadits riwayat saking sahabat Abu Said Al Khudri ra :

مَنْ رَأَى مِنْكُمْ مُنْكَراً فَلْيُغَيِّرْهُ بِيَدِهِ، فَإِنْ لَمْ يَستَطِعْ فَبِلِسَانِهِ، فَإِنْ لَمْ يَستَطِعْ فَبِقَلْبِهِ وَذَلِكَ أَضْعَفُ الإِيْمَانِ

Artosipun, “Sapa wongé saking sira kabeh, kang nemoni tumindak mungkar, prayoga dhéwék e bisa nyegah nganggo tangané. menawa ora bisa nyegah nganggo tangané, bisa ngaggo pangucapé. menawa ora bisa nyegah nganggo pangucapé bisa nganggo atiné. lan sing kaya mengkono kui kalebu satipis tipisé iman.” (HR Imam Muslim)

Pramila, menawi kita dados kepala keluwarga, paling mboten kita saget préntah tumindak becik ing anggota keluwarga kita. Contonipun préntah utawi ajak-ajak marang keluwargane supaya padha nglampahi shalat limang wektu.

Baca Juga  Khutbah Jumat 13 Desember 2025: Peran Aktif Tokoh Agama dan Masyarakat di Tengah Bencana

Langkung-langkung tumrap tiyang ingkang gadhah jabatan utawi kekuasaan, piyambake ugi saget nglampahi amar ma’ruf nahi mungkar, khususipun ing wilayahipun piyambak. Ananging, ing dalem nglampahi amar ma’ruf lan nahi mungkar menika, kedah mangertosi utawi mbetahaken lima perkara kangge cekelan.

Para jamaah ingkang minulya​​​​​​​Imam Abu Laits As-Samarkandi wonten ing kitab Tanbihul Ghafilin kaca 69 sampun maringi keterangan tumrap wong kang amar ma’ruf iku mbetahakaen lima perkara. Ingkang nomer siji yaiku ilmu.

Kerana wong kang bodho iku ora bisa amar ma’ruf kanthi bener. Lajeng, kaping kalih, kudu duwe tujuan kanggo ngagungake Gusti Allah lan mulyaake agama Islam.

Kaping tiga, kudu welas marang wong kang dipréntah kanthi alus lan demen. Ora kena tumindak utawa guneman kasar.

Kerana Gusti Allah ta’ala ugi sampun paring dhawuh marang Nabi Musa lan Nabi Harun as nalika diutus dakwah marang Raja Fir’aun. Para jamaah ingkang minulya Ingkang kaping papat cekelane kanggo wong kang amar ma’ruf nahi mungkar, yaiku kudu sabar lan aris. Kados dene nasihat Luqman Al-Hakim marang putrane, ingkang kasebat ing Al-Qur’an:

يٰبُنَيَّ اَقِمِ الصَّلٰوةَ وَأْمُرْ بِالْمَعْرُوْفِ وَانْهَ عَنِ الْمُنْكَرِ وَاصْبِرْ عَلٰى مَآ اَصَابَكَۗ اِنَّ ذٰلِكَ مِنْ عَزْمِ الْاُمُوْرِ

Artosipun, “Hei Anak lanang ingsun, anjenengna sira ing shalat lan préntaha sira kelawan bagus lan nyegaha sira saking mungkar, lan sabar sira ing atase apa kang ngenani sira (sebab amar ma’ruf nahi mungkar). Sejatine kang mengkunu iku golongane perkara kang kudu dikukuhake (jakaran pancen kewajiban).” (QS Luqman ayat 17)

Ingkang terakhir yaiku kudu nglakoni apa kang dipréntahake, supaya ora cela. Menika lah lima perkara kanggo cekelane wong kang amar ma’ruf lan nahi mungkar.

Mugi-mugi kita sedaya pinaringan umur ingkang berkah, sehingga saben wekdal, saben dinten, saben tahun, kita saget tambah ing dalem kesahenan.

Lan dipun tebihake saking sedaya perkara kang marakke Gusti Allah bendu marang kita. Amin ya Rabbal Alamin.

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ، عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali