Topikseru.com, Jakarta – Khutbah Jumat Bahasa Jawa kali ini mengangkat tema “Mangertosi Tujuan lan Hikmahe Perintah Pasa Ramadhan” di mana Puasa Ramadhan merupakan salah satu kewajiban agung dalam Islam, bahkan termasuk rukun Islam yang lima.
Tidak ada seorang Muslim pun yang mengingkari kewajiban puasa ini. Namun, apakah tujuan dan hikmah di balik perintah puasa Ramadhan?
Apakah ia hanya sebatas menahan lapar dan dahaga tanpa makna? Jawaban serta penjelasan lengkapnya akan diuraikan dalam khutbah ini.
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي اخْتَصَّ شَهْرَ رَمَضَانَ بِفَضِيلَةِ الصِّيَامِ مِنْ بَيْنِ سَائِرِ الشُّهُورِ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ وَهُوَ أَحَقُّ مَحْمُودٍ وَأَعْظَمُ مَذْكُورٍ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعَمٍ تَتَجَدَّدُ بِالرَّوَاحِ وَالْبُكُورِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، عَلَى رَغْمِ أَنْفِ كُلِّ مُشْرِكٍ كَفُورٍ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، أَفْضَلُ دَاعٍ إِلَى الْخَيْرَاتِ وَمُحَذِّرٍ مِنَ الشُّرُورِ. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ وَرَسُولِكَ مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ الَّذِينَ هُمْ لِلِاهْتِدَاءِ نُجُومٌ، وَلِلظُّلَمِ بُدُورٌ
أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، اتَّقُوا اللَّهَ تَعَالَى، وَاعْلَمُوا أَنَّهُ قَدْ نَزَلَ بِسَاحَتِكُمْ رَمَضَانُ، أَكْرَمُ شَهْرٍ، خَصَّهُ اللَّهُ تَعَالَى عَلَى سَائِرِ الشُّهُورِ بِالتَّشْرِيفِ وَأَجْزَلِ الْأُجُورِ وَأَنْزَلَ فِيهِ الْقُرْآنَ الَّذِي هُوَ الْهُدَى وَالنُّورُ، وَفَرَضَ صِيَامَهُ شُكْرًا عَلَى هَذَا الْإِنْعَامِ وَالْفَضْلِ الْمَشْهُورِ. قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
Poro Sederek Jamaah Jumat Ingkang dipun Mulyakaken Gusti Allah
Monggo sami ningkataken taqwa lan taat dumateng Gusti Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kito, rame utawi sepi, kanthi tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan saking Gusti Allah. Amin.
Alhamdulillahi rabbil ‘alamin. Wonten wekdal sakmenika kita kaparingan kalodhangan pinanggih malih kaliyan wulan ingkang mulya, wulan ingkang agung, wulan ingkang kebak berkah saha ganjaran, inggih punika wulan Ramadhan. Mila saking punika, sumangga kita tansah nuhoni hak-hakipun wulan punika kanthi nindakaken pasa, sarana njagi syarat, rukun, kesunahan, saha adab-adabipun pasa kanthi temen.
Mugi kanthi mekaten, tujuan lan hikmah dipun-syariatakenipun pasa saestu saged kita perkoleh kanti sampurna, inggih punika tambahing taqwa dhateng Gusti Allah, kados pundi ingkang sampun dipun dhawuhaken Gusti Allah Ta‘ala wonten ing al-Qur’an:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
Artosipun: “He tiyang-tiyang ingkang podo iman, sampun dipun-wajibaken dhateng panjenengan sedaya supados sami siyam, kados dene sampun dipun-wajibaken dhateng umat sadèrèng panjenengan, supados panjenengan dados tiyang ingkang taqwa.” (QS. Al-Baqarah: 183)
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah
Ayat puniko mboten namung ayat perintah ngelampahi pasa ananging nerangaken tujuan dan hikmah perintah pasa geh puniko gusti Allah ngersaken wujude taqwa kanti perintah pasa.
Syekh Nawawi al-Bantani wonten ing tafsiripun Tafsir Marah Labid, juz I kaca 60, nafsiraken ayat punika kados mekaten:
أَيْ تَتَّقُونَ اللَّهَ بِصَوْمِكُمْ وَتَرْكِكُمْ لِلشَّهَوَاتِ، فَالرَّغْبَةُ فِي الْمَطْعُومِ وَالْمَنْكُوحِ أَشَدُّ مِنَ الرَّغْبَةِ فِي غَيْرِهِمَا، وَالِاتِّقَاءُ عَنْهُمَا أَشَقُّ، فَإِذَا سَهُلَ عَلَيْكُمُ اتِّقَاءُ اللَّهِ بِتَرْكِهِمَا كَانَ اتِّقَاءُ اللَّهِ بِتَرْكِ غَيْرِهِمَا أَسْهَلَ وَأَخَفَّ
Artosipun: “Tegesipun, supados panjenengan sedaya dados tiyang ingkang taqwa dhateng Allah kanthi pasa lan kanthi nilar syahwat. Amargi kapinginan dhateng pangan lan jimak niku langkung ageng tinimbang karep dhateng sanèsipun, lan nyegah dhiri saking kalih prakawis punika langkung abot. Mila menawi panjenengan sampun dipun-gampilaken anggenipun taqwa dhateng Allah kanthi nilar kalih perkawis punika, tentu taqwa kanthi nilar sanèsipun badhe langkung gampil lan entheng.”
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah
Miturut Imam Ibnu ‘Āsyūr wonten ing tafsiripun At-Tahrir wa at-Tanwir, juz II kaca 158, pangertosan taqwa miturut syariat inggih punika nebihi maksiat. Pasa dados sebab kaslametan saking ngelampahi maksiat, awit maksiat punika kabagi dados kalih warna:
Sepisan, maksiat ingkang saged dipun-tinggal kanthi tafakur utawi perenungan, kados ta ngombe khamr, judi, nyolong, lan ngrampas. Ninggalakenipun saged kalampahan kanthi ngèlingi janji ganjaran tumrap tiyang ingkang nilaraken, ancaman siksa tumrap ingkang ngelampahi lan mendet ibrah saking tiang lintu ingkang ngelampahi.
Kaping kalih, maksiat ingkang asalipun saking dorongan tabiat, kados tumindak awon ingkang medal saking amarah lan syahwat, ingkang kadhangkala angel dipun-tinggal namung kanthi tafakur kemawon. Mila pasa dados sarana kanggé nyingkiri, awit pasa saged nyetabilaken kekiyatan tabiat ingkang dorong dumadinipun maksiat-maksiat punika.
Kanthi pasa, drajatipun tiyang muslim badhe munggah saking jurang kadonyan tumuju pucaking alam ruhani. Pasa dados sarana latian dhiri kanthi sipat-sipat malaikat lan nyingkrihi sifat-sifate kewan ingkang bebayani.
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah,
Mila saking punika, saged kita mangertosi bilih tujuan lan hikmahe pasa niku mboten namung nahan mangan lan ngombe, ananging dumunung ing sapinten tebih pasa punika saged nglairake taqwa lan mbentuk akhlak ingkang langkung sae ugi dados sarana latihan dhiri kanthi sipat-sipatipun para malaikat lan nyingkiri sipat-sipatipun satru galak ingkang mbebayani. Kanthi mekaten, pasa saged nglantaraken tiyang muslim dados pribadi ingkang langkung sae, langkung taqwa saha langkung caket dateng gusti Allah.
Mugi kita sedaya tansah pikantuk taufiq lan pitulungan saking Allah subhinahu wa ta‘ala, sehingga wonten ing wulan Ramadhan ingkang mulya punika, kita saged ngelampahi kewajiban pasa kanti sempurno lan saksampunipun ngelampahi poso kito sedaya dipun dadosaken pribadi ingkang langkung sae akhlake lan langkung taqwa dateng Allah. Amin ya Rabbal ‘alamin.
أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمْ: شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ ۗوَمَنْ كَانَ مَرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَ ۗيُرِيْدُ اللّٰهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَ ۖوَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ بِالْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، إِنَّهُ تَعَالَى جَوَادٌ كَرِيْمٌ، مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ أتَمَّ عَلَيْنَا نِعْمَتَهُ، وَأَكْمَلَ لَنَا الدِّيْنَ، وَشَرَّعَ لَنَا مِنَ الْأَعْمَالِ الصَّالِحَاتِ أَنْوَاعًا وَأَصْنَافًا لِنَتَقَرَّبَ بِهَا إِلَى رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ أَكْرَمُ الْأَكْرَمِيْنَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُصْطَفَى عَلَى جَمِيْعِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، اللهم صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
أَمَّا بَعْدُ، فَيآأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اتَّقُوا اللهَ، اتَّقُوااللهَ تَعَالَى وَأَطِيْعُوْهُ، فَإِنَّ طَاعَتَهُ أَقْوَمُ وَأَقْوَى، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى، وَاحْذَرُوا أَسْبَابَ سَخَطِ الْجَبَّارِ، فَإِنَّ أَجْسَامَكُمْ عَلَى النَّارِ لَا تَقْوَى
وَاعْلَمُوا أَنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ، وَشَرَّ الْأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلَالَةٌ. وَعَلَيْكُمْ بِالْجَمَاعَةِ، فَإِنَّ يَدَ اللهِ مَعَ الْجَمَاعَةِ، وَمَنْ شَذَّ شَذَّ فِيْ النَّارِ
اللهم صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَشَفِيْعِنَا وَقُرَّةِ أَعْيُنِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَأَزْوَاجِهِ وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ، وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْهِمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ بِرَحْمَتِكَ يَآأرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ؛ اللهم أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ، وَاجْعَلْ هٰذَا الْبَلَدَ آمِنًا، رَخَاءً، سَخَاءً، وَسَائِرَ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ؛ اللهم نَوِّرْ عَلَى أَهْلِ الْقُبُوْرِ قُبُوْرَهُمْ، اللهم اغْفِرْ لِلْأَحْيَاءِ وَيَسِّرْ لَهُمْ أُمُوْرَهُمْ
اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالرِّبَا وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ، وَسُوْءَ الْفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا خَاصَّةً، وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، بِرَحْمَتِكَ يَآ أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
عِبَادَ اللهِ … إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ، وَاللهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُوْنَ
Ustadz Muhamad Hanif Rahman, Dosen Ma’had Aly Al-Iman Bulus dan Pengurus LBM NU Purworejo













