Ramadan 1447 H

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ramadhan, Wekdal Sahe kangge Ngathahake Maos Al-Quran

×

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ramadhan, Wekdal Sahe kangge Ngathahake Maos Al-Quran

Sebarkan artikel ini
Khutbah Bahasa Jawa
Khutbah Bahasa Jawa mengangkat tema Ramadhan, Wekdal Sahe kangge Ngathahake Maos Al-Quran dimana pada bulan Ramadhan, Allah swt melimpahkan rahmat, ampunan, dan petunjuk. Salah satu momen yang istimewa di bulan Ramadhan adalah peristiwa turunnya Al-Qur’an sebagai pedoman hidup manusia.

Topikseru.com, Jakarta – Khutbah Bahasa Jumat Jawa mengangkat tema Ramadhan, Wekdal Sahe kangge Ngathahake Maos Al-Quran dimana pada bulan Ramadhan, Allah swt melimpahkan rahmat, ampunan, dan petunjuk. Salah satu momen yang istimewa di bulan Ramadhan adalah peristiwa turunnya Al-Qur’an sebagai pedoman hidup manusia.

Ramadhan menjadi saat yang tepat bagi kita untuk memperbanyak membaca Al-Qur’an. Selain meneladani apa yang dilakukan Rasulullah saw juga agar kita meraih pahala dan keberkahan Al-Qur’an.

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ. اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللّٰهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اِتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُۗ وَمَنْ كَانَ مَرِيْضًا اَوْ عَلٰى سَفَرٍ فَعِدَّةٌ مِّنْ اَيَّامٍ اُخَرَۗ يُرِيْدُ اللّٰهُ بِكُمُ الْيُسْرَ وَلَا يُرِيْدُ بِكُمُ الْعُسْرَۖ وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللّٰهَ عَلٰى مَا هَدٰىكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah
Sedaya puji namung kagunganipun Gusti Allah Swt, Dzat ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun nyiptaake langit lan bumi sak isine. Kanthi sedaya nikmatipun, mangga kita syukuri kelawan gunaake nikmat punika ing dalan kang sahe. Wonten ing pambuka sidang khutbah ingkang minulya punika, kepareng khatib ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita tansah ningkataken takwa kita, kelawan nindaake perintahe Gusti saha nebihi sedaya awisane.

Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal Ridha saking Gusti Allah ta’ala.

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ

Artosipun, “Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal” (QS Al Baqarah: 197)ز

Jamaah sidang Jumat ingkang minulya Alhamdulillah,
wonten ing wekdal menika kita taksih pinaringan kenikmatan saking Gusti, saget kepanggih kalian wulan Ramadhan. Mugi-mugi ing wulan punika kita pinaringan sehat wal afiat saget nglampahi sedaya amal ibadah kanthi raos bungah lan istiqamah.

Wonten ing wulan Ramadhan, kathah sanget amalan ingkang saget kita lampahi. Salah setunggalipun inggih punika maos Al-Qur’an, ingkang dados kitab sucinipun kita umat Islam ugi dados mu’jizate Kanjeng Nabi Muhammad saw.

Kitab Al-Qur’an dipunturunaken Allah ta’ala dhatêng Kanjeng Nabi, kanthi perantara Malaikat Jibril, nalika Kanjeng Nabi khalwat ten Gua Hira, wonten ing Wulan Ramadhan.

Pramila Wulan Ramadhan punika dipunsebutaken dados wulan ingkang dipunwajibaken ibadah pasa, ugi dados wulan tumurune Al-Qur’an.

Gusti Allah sampun paring dhawuh ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 185:

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ

Artosipun, “Ibadah pasa iku ana ing wulan Ramadhan, ingkang sakjerone wulan mau Al-Qur’an diturunaken (saking Lauhil Mahfudh). Kanggo nudhuhaken marang menungsa, lan dadi tandha terang saking pituduhe Allah ta’ala. Lan saking kang ambeda’ake (antarane haq lan bathil). Mangka sapa wonge hadlir (tinemu) ana ing wulan Ramadhan, dheweke kudu pasa …” (QS Al-Baqarah: 185).

Imam Ibnu Katsir maringi keterangan ingkang langkung rinci, kaitanipun kalian wekdal peristiwa, nalika kawitane kitab Al-Qur’an dipunturunaken Allah ta’ala dhatêng Kanjeng Nabi.

كَانَ ابْتِدَاءُ الْوَحْيِ إِلَى رَسُوْلِ اللّٰه يَوْمَ الْاِثْنَيْنِ، لِسَبْع عَشَرَةَ لَيْلَةُ خَلَتْ مِنْ رَمَضَانَ وَقِيْلَ فِي الرَّابِعِ وَالْعِشْرِيْنَ مِنْهُ Artosipun,

“Kawitane wahyu (tumurune Al-Qur’an) datheng Rasulullah saw, iku ing dinten Senin, ing dalune 17 saking wulan Ramadhan, lan dipun ngendikaake (ing riwayat sanesipun) iku ing 24 Ramadhan.” (Al-Bidayah wan Nihayah, [Beirut, Darul Fikr], juz III, halaman 11).

Pramila, kangge bukti rasa tresna lan hurmat kita marang Al-Qur’an, mangga kita ndherek mapag wekdal ingkang istimewa, inggih punika peristiwa kawitane tumurune Al-Qur’an utawi ingkang biasa dipun sebut kanthi istilah Nuzulul Qur’an.

Caranipun ndherek hurmat inggih punika, mangga kita saget ngathah-ngathaken maos Al-Qur’an ing dalem wulan Ramadhan. Jamaah sidang Jumat ingkang minulya Kegiatan maos utawi tadarus Al-Qur’an, saget kita lampahi kanthi piyambakan utawi sesarengan kalian keluwarga utawi para warga ing lingkungan kita.

Baca Juga  Khutbah Jumat 19 September 2025: Generasi Muda dan Ancaman Degradasi Moral di Era Digital

Wonten ing masjid, langgar, lan mushala, ten pundi-pundi saget ngawontenaken tadarus Al-Qur’an. Kegiatan tadarusan punika kathah sanget kautamanipun. Langkung-langkung menawi dipun lampahi ing wulan Ramadhan.

Menika dados amalan ingkang ugi dilampahi kalian Kanjeng Nabi Muhammad saw:

وَكَانَ يَلْقَاهُ فِي كُلِّ لَيْلَةٍ مِنْ رَمَضَانَ فَيُدَارِسُهُ الْقُرْآنَ

Artosipun, “Malaikat Jibril as iku pinanggih kalian Kanjeng Nabi saw ing dalem saben-saben dalu saking wulan Ramadhan, (nalikane pinanggih) Malaikat Jibril mulang dhatêng Kanjeng Nabi ing Al-Qur’an,” (HR Al-Bukhari).

Menawi maos Al-Qur’an punika, kita lampahi kita berjamaah utawi ndarus sareng-sareng, khususipun wonten ing masjid utawi mushala, mangka bakal dipun paringi kautamaan ingkang langkung kathah.

Kanjeng Nabi Muhammad saw sampun paring keterangan ing salah setunggale hadits, ingkang dipun riwayataken saking sahabat Abu Hurairah ra:

وَمَا اجْتَمَعَ قَوْمٌ فِي بَيْتٍ مِنْ بُيُوْتِ اللهِ يَتْلُوْنَ كِتَابَ اللهِ وَيتَدَارَسُوْنَهَ بَيْنَهُمْ إِلاَّ نَزَلَتْ عَلَيْهِمُ السَّكِيْنَةُ وَغَشِيَتْهُمُ الرَّحْمَةُ

Artosipun, “Ora ana (ganjaran liya) kanggo wong kang padha kumpul ana ing omah-omahe Gusti Allah kanthi maca utawi nyinauni Al-Qur’an, kejaba bakal dipunturunaken katentreman lan rahmat.” (HR Muslim).

Saking hadist punika, kautaman tumrape kaum kang padha tadarus Al-Qur’an inggih punika, ingkang pertama Gusti Allah bakal maringi sakinah (rasa tentrem) saha rahmat. Bilih rahmat utawi welas asihipun Gusti menika jembar sanget.

Contonipun saking penjelasan sifat welas asihe Gusti Allah inggih punika Ar-Rahman lan Ar-Rahim. KH Bisri Musthofa ing kitab tafsir Al-Ibriz sampun maringi keterangan, wonten ing surat Al-Fatihah ayat 3, bilih Gusti Allah iku persifatan welas asih maring sekabehane makhluk, luwih-luwih marang menungsa kang wis nyata diparingi nikmat wujud kanthi akal lan anggota badan kang sampurna lan nikmat liya-liyane meneh kang gedhe lan lembut.

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah
Lajeng kautaman tumrape kaum kang kersa tadarus Al-Qur’an, saking hadits riwayat Imam Muslim, inggih punika: وَحَفَّتْهُمُ الْمَلاَئِكَةُ وَذَكَرَهُمُ اللهُ فِيْمَنْ عِنْدَهُ

Artosipun, “Lan bakal padha dikepung dening para malaikat lan Gusti Allah bakal ngalembana marang dhéwéké ana satengahé para malaikat kang mapan ing sakiwa tengené.”

Pramila, awit saking sedaya kautamaan punika, mangga kita sedaya ampun nilar ngamalke tadarus Al-Qur’an, langkung-langkung ing wulan Ramadhan punika, sedaya amal ibadah bakal diganjar kanthi matikel-tikel.

Kangge mungkasi khutbah punika, mangga kita tansah dedunga mugi kita sedaya lan keluarga kita, saget nglampahi ibadah ing wulan Ramadhan kanthi iman kang jejeg, awak kang sehat wal afiat, saha raos bungah lan istiqamah. Amin ya Rabbal ‘alamin.

بَارَكَ اللّٰهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ، فَاعْتَبِرُوْا يَآ أُوْلِى اْلأَلْبَابِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ

​​​​​​​Khutbah II

​​​​​​​اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللّٰهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ​​​​​​​فَيَا آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّٰهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى. فَقَدْ قَالَ اللّٰهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ أَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ: وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْر. إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِى الْعَالَمِينَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ عِبَادَ اللّٰهِ، إِنَّ اللّٰهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللّٰهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللّٰهِ أَكْبَرْ​​​​​​​

Ustadz Ajie Najmuddin, Pengurus MWCNU Banyudono Boyolali